Senin, 30 April 2012

SINDIRAN SODIQ



Ngawiti ingsun, nglaras sindiran
Kelawan poro, wong nang nduwuran
Kang ndalanake dana anggaran
Ojo sembrono, tanpo itungan
Ojo sembrono, tanpo itungan

Duh poro konco, priyo wanito
Ojo mung njabat, sareat bloko
Nggur pinter janji, raiso mbuktekno
Tembe mburine, rakyat sengsoro
Tembe mburine, rakyat sengsoro

Akeh kang pinter, sekabehane
Seneng ngakali, marang kuline
Elek’e dewe, nggak diketo’ke
Padahal iku , akal buluse
Padahal iku , akal buluse

Gampang mbujuk’i, janjine goroh
Kangge menangke, tuku suworo
Sarto wis lungguh, nang kursi rojo
Janji-janjine, njur ora nyoto
Janji-janjine, njur ora nyoto

Ayo sedulur, jo’ nglalek’ake
Karo sing ndisik, milih suwarane
Ojo nggedek ke wetenge dewe
Sing ndukung kowe, sik pangga kere
Sing ndukung kowe, sik pangga kere

Dadi pejabat, ora bakal suwe
Kadhung wis rakyat, gak ngarepake
Yen wis janjine, ra di buktek ne
Bakal didemo, digulingake
Bakal didemo, digulingake

Koran lan tv, podo ngabarke
Pejabat maling, akeh contone
Soko sing nduwur, sak ngisorane
Kruyu’an nyunat, jatah rakyate
Kruyu’an nyunat, jatah rakyate

Koyo wis podo, nunggu giliran
Sopo sing nyolong, bakal konangan
Yen dipercoyo, dadi pimpinan
Kudu kang jujur, lan kuat iman
Kudu kang jujur, lan kuat iman

Kuwasane ndunyo, ora hakiki
Ayo dijogo, lan disyukuri
Yen panyuwune wis dituruti
Nang wong ngisorane, jo’ nganti lali
Nang wong ngisorane, jo’ nganti lali

Urip kang ayem, rumongso aman
Dudu mergo ono ning nduwuran
Sabar nerimo, senajan pas-pasan
Nyukuri takdir, soko pengeran
Nyukuri takdir, soko pengeran

Ayo poro konco, dulur lan tonggo
Kang durung bener, podo ilingo
Ojo di gunggung, lan di jlomprokno
Siji kang olo, kabeh kang soro
Siji kang olo, kabeh kang soro

Sindiran iki, ojo dadi ati
Digawe bingung, lan ojo wedi
Mung ngelingake kang duwe janji
Mugo-mugo slamet, jo nganti lali
Mugo-mugo slamet, jo nganti lali

Read more: Sindiran Sodiq | AFanie Share 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar